Find Us On Social Media :

Memedi Sawah, Mengusir Hama Juga Anak Muda: Sebuah Satir dari Mbah Jantit

By Moh. Habib Asyhad, Sabtu, 28 September 2024 | 11:03 WIB

Dalam penampilannya di 1st International Summit and Art Performance Memedi Sawah, seniman Mbah Jantit mengritik terminologi hama yang dipahami manusia selama ini.

- La iyo toh, deloken kae sawah-sawah-e tanggamu wes nganggo traktor, wes modern, diluk engkas bakal enek robot seng iso macul. Mosok kowe isih ngeret-ngeret luku karo garu, karepmu piye?

- Sebabe, cil, aku mesakke karo tikus, keong, orong-orong, sak panunggalane…

- Kok mesakke? Iku kan omo toh, bo?

- Cil, cil, mbok mikir sing jero toh. Ojo mung emosi wae, omo piye, cil?

- Omo… Takokno wong sak mene: tikus omo opo mboten? Nek ulo? Ulo omo opo mboten?

- Orong-orong ulo tikus wereng kuwi dudu omo, seng ngarani omo kuwi menungso, mergo ngrugekke menungso…

- Kowe kok iso ngewangi omo?

- Aku ora ngewangi, aku pengin ngelengke nek kuwi ekosistem, siji-loro rano, geger sak ndunyo…

- Kok iso ngono toh bo?

- Iso. Alam semesta iki hukume: rambut siji dicopot, alam semesta iki berubah. Saiki aman. Sopo ngerti 10 tahun, 20 tahun, 100 tahun engkas, perubahan opo iso ngontrol? Sak pinter-pintere mahasiswa, sarjana, iso ngrampungi nek perkoro alam? Sak iki gempane bola-bali lho…

- Bo, ojo meden-medeni, lho, bo…

- Ora, cil. aku omong fakta kok...