Find Us On Social Media :

Ini 25 Ucapan Sungkem Lebaran Bahasa Jawa, Dalam Banget Artinya

By Moh. Habib Asyhad, Sabtu, 6 April 2024 | 18:17 WIB

Inilah 26 ucapan sungkem Lebaran bahasa Jawa yang bisa kamu praktikkan kepada orangtua, semoga bermanfaat.

Intisari-Online.com - Lebaran identik dengan sungkem dan minta maaf kepada orangtua.

Nah, supaya semakin dalam maknanya, kami sediakan 25 ucapan sungkem Lebaran bahasa Jawa yang bisa kamu praktikkan.

1. Bapak/ibu, Kawulo badhe ngaturaken sugeng riyadi ugi nyuwun pangapunten bilih wonten kelepatan. Mugi-mugi gusti Allah ingkang maha agung tansah paring hidayah, maghfiroh lan barokah dumateng kito sadoyo.

2. Ngaturaken sembah pangabekti kawula. Bilih wonten klenta-klentunipun atur kulo saklimah, tuwin lampah kulo satindak ingkah kulo jarang lan mboten ndadosaken sarjuning panggalih, kulo nyuwun agenging samudro pangaksami.

3. Sugeng riyadi, sedoyo kalepatan dumateng panjenengan, ingkang sengojo lan mboten disengojo, kula nyuwun agenging samudro pangaksami.

4. Kulo ngaturaken sugeng riyadi lan nyuwun pangapunten dhumateng sedoyo kelepatanipun lan klenta klentinipun kulo.

5. Ngaturaken sugeng riyadi, Taqabbalallahu Minna Wa Minkum Taqobbal Ya Karim, Kullu Amin Wa Antum Bikhoir. Mugi gusti Allah tansah paring hidayah, maghfiroh soho barokah dumateng kito sedoyo.

6. Ngaturaken sugeng riyadi, Pak/Bu. Sepinten kalepatan kula ingkang mboten angsal idining sarak, dalem nyuwun pangapunten. Mugi ing dinten riyaya punika gusti Allah SWT kersa maringi pangapunten dumateng kelepatan kito sedoyo.

7. Kulo mriki sowan dateng ngarsanipun bapak/ibu/mbah kangge ngaturaken sugeng riyadi lan nyuwun pangapunten seagengipun samodra pangaksami dhateng sedaya klenta klentunipun lampah kulo tumindak lan anggene kulo matur ingkang kulo jarag nopo dene mboten dipunjareg. Ugi ing dinten riyaya meniko mugi-mugi gusti Allah SWT kersa maringi pangapunten dumateng kelepatan kito sedoyo.

8. Kulo sowan wonten ing ngarsanipun Bapak/Ibu kangge nyaos sembah pangabekti. Mbok bilih wonten klenta-klentunipun atur kulo saklimah, tuwin lampah kulo satindak ingkah kulo jarang lan mboten ndadosaken sarjuning panggalih. Mugi Bapak/Ibu kerso maringi agunging samudro pangaksami. Kulo suwun kaleburna ing dinten riyadi puniko lan ingkang putra nyuwun berkah soho pangestu.

9. Kulo ngaturaken sembah ngabekti dhateng panjenengan, ugi nyuwun pangapunten ing sadeleme manah dumateng sedaya agengipun kelepatanipun tindak tanduk ingkang katingal menapa mboten katingal. Mugi mugi Allah nglebur dosa kulo lan panjenengan ing dinten riyaya meniko.

10. Ngaturaken sembah pangabekti kawula. Sepinten kalepatan kulo, lampah kulo setindak, paben kulo sakecap ingkang mboten angsal idining sarak, kulo nyuwun pangapunten mugi lineburo ing dinten riyoyo puniko.